Didamel kaliyan : Agung Guritno (03/XII KAA)
Anisa Berliana Z
(05/XII KAA)
STM PEMBANGUNAN YOGYAKARTA
Unsur Intrinsik Teks Kethoprak Adeging Singasari
1. Tema,
inggih menika gagasan ingkang dados dhasaring cariyos
= perjuangan,
pengkhianatan, pemberontakan
2. Paraga,
inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos
1.
Prabu Dhandhang Gendhis
2.
Patih Mahesa Wungkul
3.
Mahesa Geni
4.
Gadhing Kuning
5.
Mahesa Walungan
6.
Sangkarana
7.
Nujum 1
8.
Nujum 2
9.
Nujum 3
10.
Nujum 4
11.
Brahmana Maenaka
12.
Pancali
13.
Kalpika
14.
Begawan Maenaka
15.
Gelang Pati
16.
Ken Arok
17.
Tohjaya
18.
Ken Ratri
19.
Jo Lempong
20.
Jo Lempang
21.
Anusapati
22.
Sempana
23.
Galuh Suta
24.
Ken Dhedes
3. Penokohan
inggih menika gambaran watak paraga
1.
Prabu Dhandhang Gendhis : sombong, sewenang-wenang, nganggep dirine
Hyang Widhi, menindas bawahane
2.
Patih Mahesa Wungkul :pangerten marang Prabu
Dhandhang Gendhis
3.
Mahesa Geni
: Tanggung jawab
4.
Gadhing Kuning : pangerten marang Prabu
Dhandhang Gendhis
5.
Mahesa Walungan : nurut marang perintah Prabu
Dhandhang Gendhis
6.
Sangkarana : galak, mboten gadhah sopan santun
7.
Nujum 1 : pinter, mboten setia
8.
Nujum 2 : pinter, mboten setia
9.
Nujum 3 : pinter, mboten setia
10. Nujum
4 : pinter, mboten setia
11. Brahmana
Maenaka : mboten setia marang Kedhiri
12. Pancali
: mboten setia marang Kedhiri
13. Kalpika
: mboten setia marang Kedhiri
14. Begawan
Maenaka
15. Gelang
Pati : galak, mboten gadhah sopan santun
16. Ken
Arok : bijaksana, wengis bebudinipun
17. Tohjaya
: rendah diri, mboten saged nampi kodrat, pangerten.
18. Ken
Ratri : rendah diri, alus
19. Jo
Lempong : seneng geguyon
20. Jo
Lempang : seneng geguyon
21. Anusapati
: romantis, teges, mboten sabaran
22. Sempana
: asring ngelindungi
23. Galuh
Suta : mboten mrantasi damel
24. Ken
Dhedes : jujur
Bedah Naskah Teks Ketoprak Adeging
Singasari
Prabu Dhandang Gendhis mboten tenang amargi pangimpenipun
ingkang pitung dinten tansah dugi mboten benten . pangimpenipun inggih menika
bumi Kediri nela lan bengkah, mboten wonten tetesing toya kang tumiba, para
nayaka padha nadhang cintraka nemahi pejah.
Para nujum banjur diklempakaken kangge ngartekaken mimpi
niku. Para nujum ngartekaken menawi Kediri badhe nampi pacoban, Kediri badhe
kecalan keblat awit para koncatan tiyang suci amargi hawa benther ingkang
ngobar jroning praja. Lajeng Prabu Dhandang Gendhis ngutus Mahesa Walungan
supados mbujung playunipun para nujum lan dipun aturi ndherek manthuk ing
Kraton Kedhiri
Brahmana Maenaka, Pancali lan Kalpika medhal saking Kraton
Kediri tumuju Tumapel kangge nyuwun pangayoman Ken Arok, amargi panguwasanipun
Prabu Dhandang Gendhis ingkang sewenang-wenang. Dumugi tengah mergiBrahmana
Maenaka, Pancali, lan Kalpika lajeng di ndeg marang Mahesa Walungan
Sagotrah dipunaturi manthuk wonten
Kediri. Ananging mboten kersa lajeng perang lan para brahmana saged uwal.
Wonten ing Taman Kaputren, Tohjaya tanglet kalih Ken Umang ,
menapa Tohjaya saged dados narendra? Ananging Tohjaya mboten pitados , amargi
piyambakipun namung pangeran kang mijil saking garwa selir, Tohjaya mboten
saged nampi kodrat . Ken Arok lajeng dugi lan mangsuli pitakenipun Tohjaya,
menawi Tohjaya bakal dados Narendra lan nglintir kawibawan ing Tumapel.
Ken Ratri badhe tindhak Pura lan sampun ngasta ubarampe
sesaji,nalika teng mergi kepanggih Jo Lempong kang aruh aruh kaliyan Ken
Ratri,aruh aruh waunika malah dados udur sautan amargi Ken Ratri klentu
anggenipun anampi aruh-aruhipun Jo lempong,nanging wusananipun tiyang kalih
waunika saget akur lan tindhak wonten Pura sareng-sareng
Nalika Ken Ratri lan Abdi nembe dedongan wonten
Pura,Anusapati rawuh tiyang kalih waunika ngobrol gapyak ngantos cedhak
raket,tiyang kalih waunika ngomongaken bab katresnan kang nembe wonten
atinipun.
Sempana rawuh wonten Pura lajeng Anusapati nangletke bab
saktenane Anusapati wau nika Pangeran nopo dede,banjur Sempana nyaranke kagem
Anusapati kedah sowan dhateng ing ngarsane Gusti Ayu Ken dedes kagem
nglampahaken sedaya lelempahan waunika.Ananging wau nika angel anggenipun
kelakon amargi mboten diparengaken kaliyan rama Ken Arok .
Nalika Galuh suta mlajar pinanggih Tohjaya,Tohjaya nangletake
marang Galuh Suta kang krenggosan napasipun,amargi titah kagem merjaya Pangeran
Anusapati mboten saget kalaksanakaken amargi Galuh Suta katrajang Ki Sempana
saking pepungkuran lan mboten saget nandingi kadigdayanipun Ki
Sempana,salajengipun Galuh Suta nyuwun pangapunten marang Tohjaya.Tohjaya kang
nembe sabar paring pangapura dhateng Galuh Suta.
Nalika para Brahmana pontang-panting dioyak Prajurit Kedhiri
,Tohjaya nangletke sebab Para Brahmana ngantos tindhak dhateng Tumapel ,lan
dijawab dhateng salah satunggaling Brahmana kang gadahah asma B.Maenaka kanthi
alesan Prabu Dandhang Gendis kang mekso kaliyan para brahmana supados ngakeni
menawi Prabu Dandhang Gendis Sang Hyang Widi.
Nalika Anusapati sampun sowan dhateng Ken Dedes ,nangletake
saktenane Anusapati waunika putranipun sinten,sawetawis padu kaliyan Ken Dedes
Ibunipun Anusapati,wusananipun Ken Dedes paring katrangan marang Anusapati
saktenane Anusapati Putranipun Sang Akuwu Tunggul Ametung Panguwasa Tumapel
sakderenge Ken Arok.Nalika Ken Dedes nagndut Anuspati pitung sasi Kang Mas
Tunggul Ametung disedani kaliyan Ken Arok,lan Ken Dedes dipeksa kedah purun
Rabi kaliyan Ken Arok,saha Anusapati kedah dipisahaken kaliyan Ken Dedes
supados mboten saget mangertosi Bab punika
Wonten Ing Kraton Kediri Mahesa Walungan paring palaporan
dumateng Prabu Dandang Gendhis anggenipun mbujung para Brahmana cabar ing
lampah,awit para brahmana dipun ayomi Raden Tohjaya Putra Sang Akuwu Ken
Arok.Prabu Dhandang Gendhis murka misuh misuh amargi Tumapel gawe dak daking
perkoro pengen nduking Kediri.Lajeng Prabu Dhandang Gendis ngutus Mahesa
Walungan kagem nggempur Tumapel sakderenge agni tambah ageng
Perangipun prajurit Kediri kaliyan Tumapel,prajurit Kediri
kasil dipunkawonaken Prajurit Tumapel,Ken Arok kaampingi garwa Padmi,Para
Brahmana,lan sedaya Nayaka Praja sowan,kanthi asiling ngawonaken Prajurit
pramila Ken Arok ngaturaken bilh Tumapel misah saking Kraton Kediri lan madeg
minangka Kraton piyambak inggih menika Kraton Singasari lan Ken Arok Jumeneng
Nata kanthi gelar “PRABU SRI PRASAJA BATHARA
SANG AMURWA BUMI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar